Dalang : Ateges ngudal barang kang ilang
Wayang : Owah owahane para Hyang
Kasebut dalang lamun wus dadi begawan, kang ateges kebak gawan utawa kebak ngelmu. Gawan gawan tumprap tata sastra (Parama sastra), tata budaya, lan tata panuntun.
Tata sastra : Sakkabehing wicara kanthi adedasar ukara lan tembung kang trapsilo saenggo kaendahaning kang santun tumrap manungsa kanggo wulangreh kang mahanani katentreman. Wonten ing jagad pakeliran bisa diwujudake larase antarane antawecana saben jejer utawa adegan lan kridane dalang anggone ngobahake wayang saben adegan ing peperangan. Kabeh mau dalang kang mangerteni.
Tata Budaya : iku mujudake tatanan kang tansah diugemi kanggo mbangun norma (nilai) kang tumuli dianggo sesrawungan tumrap sapodo padane manungsa kanthi ngajeni lan nuhoni sing dadi paugeraning urip. Mulo budaya minangka sandangan manungsa kanggo sesrawung kang ana ing paguyuban masyarakat. Wonten ing jagad pakeliran bisa mujudake anggone nggambarake kahanan ing saben adegan utawa jejer kanthi laras antarane kahanan kang gawat, penting tumrap wedar sabdo sarto kahanan kang sungkawa bisa dilaras kanthi gending kang trep utawa pas.
Tata Panuntun : Pangucap sarto pambabaring carita tansah nuntun marang solah bowo (budi pekerti) kang dunung. Dunung marang kahanan tata lahir lan dunung marang kahanan tata bathin. Yen manungsa wus jumbuh tata lahir lan tata bathin e bakal tinemu pepadang kang pinancar saka jati dirine manungsa kang sejati. Minongko panuntun, lumantar anggone mbabar lan medhar carita wayang ing jagad pakeliran, prayogane biso aweh tontonan kang endah ing swasono pahargyan lan hiburan sarto aweh tuntunan kanthi lakon kang kawedar jumbuh karo budaya kang luhur. Kaya semboyaning kang dikuncarakake menawa ing Sala minangka kota budaya kanthi sepirit jawa (the spirit of java). Kuta Sala dadi tuntunaning para dalang kang ngudi marang luhuring budaya wayang kang sejati. Mugo kabeh pada nyengkuyung lan maturnuwun dumateng Pak Joko Widodo Walikota Sala lan para dalang sing isih netepi pakem kang bener.
Jejering dalang lamun kacarita dianggit kaya dene begawan Abiyasa (Wiyasa), ya begawan kang sejati, ya sejatining begawan. Begawan sejati, netepi darmaning brahmana tansah ngulat marang kasantosaning bathin lan nyingkiri napsuning raga utawa badan kasar. Darmane urip tumprap begawan ngugemi jejering panca darma : (1) tansah eling marang kang nguripi kang sinebut Hyang Tunggal (Tuhan), (2) tansah resik ing pikir lan resik ing ati mula apa sing diucapake tansah jumbuh lair lan bathin e, (3) anggone urip bisa nimbang marang uriping raga lan uriping sukma (bathin) tan ana bedhane, kang atages tansah nguripi raga lan nguripi sukma, (4) budaya panembah marang kang kuwasa tansah ditindak ake sarto diugemi kanti tulus lan pasrah miturut keyakinane sarto nyata kang tinuju, (5) tansah maneges marang karsane kang kuwasa……………ya kang murbeng dumadi jagad sak isine. Sejatining begawan senajan blegere manungsa ning manungsa linuwih,tansah netepi anggone nindakake utawa nyambut gawe satuhu makaryo lan akaryo kanggo amemayu rahayuning Bawana Agung.
Goteking carita nalika begawan Abiyasa bali marang pangayunaning kang kuwasa, ragane kinemulan cahya (nur cahya), kang atages nggambarake yen raga minangka lelungguhaning sukma ya kendaraaning bathin manunggal karo asaling urip kang asarira cahya, Sinebut bali marang asale, yaiku dat kang urip, kudu bali menyang samodra cahya kang tan winates jembare (dat kang Maha Agung). Ana kang nyebut sangkan paraning dumadi, sangkaning dat urip saka percikaning cahya gumilang kang ana ing jagad agung baline kudu manunggal karo asale, yaiku dat kang Maha Agung……….. Kuwi minangka sampurnaning kang kasebut begawan……… Tumprap jejering manungsa lumrah……..wallahu’alam. Tumrap dalang prayogane bisa netepi darmaning dalang sarto darmaning manungsa linuwih,mula sebisa bisa kudu mawa pakem kang nduweni jejering angger angger kang luhur supaya ora katon gegojegane sing diunggulake. Mangkono iku filosofi agemaning leluhur jawa anggone nglestareake budaya, mulangreh marang kautaman, ngudi marang kasantosaning bathin kanthi luhuring jiwa lan raga. Ono tembung ojo dumeh lan ojo dadi raga kang urakan. Kabeh mau mung aweh pepiling yen raga lan sukma anggone makarya lan akarya tansah lung tinulung. Tumindak raga kang becik numusing bathin kang santosa kanggo nggayuh marang kasampurnan. Dalang ya iku minangka jejering manungsa kang ngayahi paguyuban pakaryan luhur mula saksolahing dalang mestine bakal melu nguri uri lan memayu rahayuning budaya jawa kanthi ngudal carita kang wus ilang. Mula dalang kaya dening begawan.
Wayang
Bisa den arani gegambaraning kanggo ngrahita owah owahaning para Hyang. Kang atages dadi naliko durung ana piranti kanggo mbabar kawruh tumprat kautaman lan wulangreh para leluhur jawa duk naliko sakdurunge budaya agama mlebu ngrasuk ing tanah jawa. Ana dongeng utawa carita sing kudu diwedarake marang anak putune supaya ngerti paugeraning urip. Tata budaya leluhur jawa mratelakake yen kang cumondhok ono blegere menungsa sejatining ana piranti kang wigati lan wadi minangka gegaduhaning urip saka kang nguripi. Mula ana sesebutan wong jawa kudu njawa (ngerti), wong jawa ilang jawane (ora ngerti), wong jawa wong kang dunung (ngerti asal usuling dumadi). Iku mujudake yen leluhur jawa luwih ngutamakake marang kautaman kang sejati kanggo nggayuh kasampurnan lan leluhur jawa nduweni rasa ketuhanan sing wus ana mbarengi karo ananing manungsa jawa.
Wayang purwa : owah owahaning para Hyang anggone nggambarake wiwitan (purwa) gumelaring jagad manungsa lan jagad rat kang dilenggahi utawa panggonaning manungsa mesthine ana tatanane lan tuntunane supaya sing manggon lan ngenggoni tansah lestari mulya kang sejati. Tumprap dalang anggone mbabar carita wayang ing jagad pakeliran ing sakawit durung bisa nggunakake gegambaran kang nyata sebab durung ana wujud wayang sing kaya kahanan saiki. Kahanan saiki wayang wus dianggit lan digiring kanthi wujud ringgit kulit (wayang kulit). Mula disebut ringgit kang ateges gegambaraning urip wus dianggit kanthi carita lakon saka kasantosaning para pujangga jawa anggone ngudal udal kawruh tumprap owah owahaning para Hyang. Wayang kulit mujudake yen pujangga lan juru sungging bisa nggambarake wujud tokoh wayang kanthi watak lan watek kang beda beda antarane wayang siji lan sijine. Mula bukane gambar diwujudake ana watu lan kayu nganti saiki digambar ana lulang (kulit sapi) disebut wayang kulit. Wayang kulit digambar lan disungging nganggo sentuhaning cipta rasa karsa kang mratelakake yen wayang kulit kondanging saindenging bawana minangka budaya luhur lan adiluhung. Wus saempere bangsa manca pada nggumun lan kepencut kanthi melu nguri uri karo budaya wayang kang adiluhung. Ning emane wong jawa akeh sing ora ngerti lan moh ngerti utamaning kawula muda. Kamangka bangsa manca ing jagad iki pada ngudi lan sinau wayang minangka budaya sastra lan filosofi kang unggul ing jagad rat. Sakjeroning gambar wayang ana piwulang budaya kang agung. Kasebut wayang mahanani owah owahaning para Hyang kang diwujudake lumantar gambar wayang, minangka kuwating cipta para luhur anggone kepingin ngudi marang kersaning kang maha kuwasa. Lumantar wayang minangka dadi pangeling eling anggone supaya bisa dingerteni kanthi gamblang lan terang apa sing digambar sakjeroning kahananing urip lan kang nguripi. Mula gambar wayang kudu wujud amargo kanggo srana anggone babar utawa medar carita tokoh wayang siji lan sijine. Sakbanjure carita ing wayang bisa digiring lan dianggit kanthi budaya kang luhur supaya bisa ditampa nganggo netra lan direnungake kanthi pikir kang jernih. Carita lan lakon wayang ditulis/disusun wujud pakem kanggo nuladani jejering urip para luhur jawa anggone nggayuh kautaman, kamulyan urip kanthi sampurna. Leluhur jawa katitik saka gegambaran lewat wayang mujudake menawa manungsa kang pinunjul lan linuwih kanthi sifat andap asor kang koyo digambarake wujuding begawan Abiyasa, senajan kebak gawan utawa ngilmu ragane katon biasa, katon manungsa lumrah ora seneng pamer. Tumprap dalang gambar wayang kang wus wujud wayang kulit minangka srana anggone mbabar carita supaya bisa dimangerteni kanthi nyata, jalaran yen wayang ora wujud dalang ora bisa ndalang. Senajan mung carita wayang ing jagad pakeliran kabeh kudu mawa pakem. Pakem kang nggambarake tontonan lan tuntunan kang migunani marang kautaman. Ning emane akeh para dalang anggone makarya ndalang sing akeh mung gegojegane tanpa ana pakem sing pas tumprap tuntunan sing dadi gegaduhaning leluhur jawa.
Nyimak marang gambar Janoko utawa Permadi. Nalika tasih muda (timur) kasebut Permadi (ya Permati) kang ateges santosa budine kanggo nggayuh utawa ngudi kasampurnan tumuli santosa bathine. Sakwise katurutan sedyane disebut Janoko kang atages kang dadi sedyane wus katekan utawa katurutan, mula ora butuh apa sing dadi kebutuhaning raga. Diwujudake ning gambar Janoko karo gambar Permadi ana bedane. Yen Permadi isih kebak tutuping raga gelang kalung lan sakpanunggalane, nanging yen Janoko ragane tan ana butuh apa sing dadi tutup mung katon lugas tanpa gelang kalung lan sakpanunggalane. Semono uga gambar wayang kang mujudake para dewa utawa Hyang. Dewa iku pangawak cahya utawa asarira cahya, kang ateges ora wujud. Kanggo gambarake supaya bisa wujud mula diagemi sepatu kang ateges sejatining papan tunggal. Saka santosaning lan pintering para pujangga lan juru sungging dewa bisa diwujudake kanti gambar nyata supaya yen diwedar kanti carita bisa dimangerteni kanti gamblang lan terang. Ning akeh e dalang sering kanggo pada gegojegan menawa dewa dienggoni sepatu jarene supaya ora masuk angin. Yen ngono kenapa dalang kudu nganggo blangkon ???. Yen blegere dalang kang sejati digambarake kaya begawan Abiyasa, anane mung makaryo lan akaryo kanti maneges kersaning kuwasa sebab blegere lan sukmane wes kasarira batara mula nalika bali wujuding kaya cahya gumilang ora liya yo kendaraaning bathin bali bareng karo sukmane marang asale. Lamun dalang bisa mbabar carita kanthi bener miturut pakem lan budaya jawa mestine budaya jawa ora lengser saka jawa. Sebab lengsere budaya jawa mestine mbarengi lengsere manungsa jawa. Lengsere dalang wayang ketaman thukuling budaya manca lan anggone ndalang kebak gegojegan kang ngejorake marang goyanging bokong sing ngaburake carita sakbenere miturut pakem. Mestine sing ngerti yo dalange dewe.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar