Kamis, 07 April 2011

Dalang Lan Wayang Ing Jagad Pakeliran


Dalang   : Ateges ngudal barang kang ilang
Wayang : Owah owahane para Hyang
            Kasebut dalang lamun wus dadi begawan, kang ateges kebak gawan utawa kebak ngelmu. Gawan gawan tumprap tata sastra (Parama sastra), tata budaya, lan tata panuntun.
Tata sastra : Sakkabehing wicara kanthi adedasar ukara lan tembung kang trapsilo saenggo kaendahaning kang santun tumrap manungsa kanggo wulangreh kang mahanani katentreman. Wonten ing jagad pakeliran bisa diwujudake larase antarane antawecana saben jejer utawa adegan lan kridane dalang anggone ngobahake wayang saben adegan ing peperangan. Kabeh mau dalang kang mangerteni.